Sugeng Makaryo, Selalu Gembira

SEBUTANE BOCAH

     Sebutane Bocah
Artine
01. Ontang-anting
Anak siji langan
02. Unting-unting
Anak siji wadon
03. Uger-uger lawang
Anak loro lanang kabek
04. Kembang Sepasang
Anak loro wadon kabeh
05. Cukit Dulit
Anak telu lanang kabeh
06. Gotong mayit
Anak telu wadon kabeh
07. Saramba
Anak papat lanang kabeh
08. Sarimpi
Anak papat wadon kabeh
09. Pandhawa
Anak 5 lanang kabeh
10. Pancagati
Anak 5 wadon kabeh
11. Kendhana kendhini
Anak 2 lanang, wadon
12. Kendhini kendhana
Anak 2 wadon, lanang
13. Sendhang Kapit Pancuran
Anak 3 lanang, wadon, lanang
14. Pancuran Kapit Sendhang
Anak 3 wadon, lanang, wadon
15. Keblat papat
Anak 4 lanang, wadon
16. Sepasar
Anak 5 lanang wadon
17. Padangan
Anak 5 wadon 1
18. Ipil Ipil (ipilan)
Anak 5 lanange 1
19. Pandawa nyandangi
Anak 6 wadone 1 waruju
20. Kembar
Anak 2 laire bareng
21. Kembar Gantung
Bocah kembar laire let sedina
22. Dhampit
Anak 2 lanang, wadon laire bareng
23. Gilir Kacang
Anak akeh, giliran lanang, wadon
24. Lumpat Kidang
Anak akeh, ora giliran lanang, wadon
25. Gendhong
Anak wadon akeh sing tengah lanang
26. Pathok
Anak lanang akeh sing tengah wadon
27. Grandhel
Anak lanang pirang pirang, sing wuragil wadon, utawa anak wadon pirang pirang sing wuragil lanang
28. Sumarak
Anak akeh sing lanang lewih akeh
29. Anggana
Anak akeh, sing urip gari 1
30. Cemani
Anak ireng mulus
31. Wungle, bule
Anak putih mulus
32. Gondhang kasih
Anak 2 beda pakulitane, ono sing ireng lan putih
33. Pambarep
Anak nomer 1
34. Panggulu
Anak nomer 2
35. Pandhadha
Anak sing nomer 3
36. Sumendhi
Kakang wuragil
37. Waruju, Wuragil
Anak sing keri dewek
38. Panenggak
Anak kabehe 5, sing nomer 2
39. Panengah
Anak kabehe 5, sing nomer 3
40. Yatim
Bocah lair wis ora menangi bapak
41. lola (yatim piatu)
Bocah sing di tinggal bapak lan ibu
42. Lola bapak (biyung)
Bocah sing wis radue bapak (ibu)
43. Konduran
Bocah lain nanging ibune seda
44. Sumala
Bocah sing cacad kawit lair
45. Thok thing
Bocah lair kanthi sirah cilik
46. Julung kembang
Bocah lair nalika srengenge mlethek
47. julung sungsang
Bocah sing lair nalika bedug/awan
48. Julung sarab/surup
Bocah sing lair ngarepake surup
49. Julung caplok
Bocah sing lair nalika surupe
50. Margana
Bocah sing lair nalika ibune lelungan
51. Wuyungan
Bocah sing lair nalika perang
52. Wahana
Bocah sing lair nalike ibune ana pasamuan
53.  Jempina
Bocah sing lair durung wayahe
54. Tiba sampir
Bocah sing lair kalug usus
55. Tiba ungker
Bocah lair ususe nggubet gulu
56.  Wungkul
Bocah sing lair tanpa ari ari





0 komentar:

Posting Komentar

SEBUTANE BOCAH